Cari Blog Ini

Rabu, Februari 16, 2011

cerkak

Wengi

Dina kuwi dina setu, dina paling pungkasan sajroning seminggu. Akeh wong sing manfaatke dina setu kanggo tamasya utawa kanggo refresing. Bocah-bocah enom padha dolan ngilangi rasa mumet, kesel, bosen, sajroning seminggu kang padhet kegiatane, ana sing sekolah, ana sing kerja lan liya-liyane, uga sak keluwarga lunga ana njaba kutha kanggo piknik supaya ora bosen ana ngomah sing kahanane kaya ngono wae seben minggune.
Dina setu sore sak durunge maghrib kurang luwih jam setengah limaan, bocah-bocah enom padha mulai metu saka ngomah, ana sing jalan-jalan, ana sing nongkrong, ana sing lunga karo kanca-kancane, uga ana sing dolan karo pacare. Bocah mau padha enggar-enggar sapa ngerti oleh tambah kenalan uga tambah informasi kang ana njaba kana kang migunani.
Tambah sore tambah rame, kendharaan padha pating sliwer ana dalan kang dina-dina biasane sepi.
Wektu iku aku males ana ngomah aku pengin dolan, nanging aku bingung arep dolan ana ngendi, aku kepikiran nek dolan ana ngomahe Bayu biasane akeh bocah padha dolan ana ngomahe Bayu. Bakda maghrib aku langsung dolan ana ngomahe Bayu. Sak uwise tekan omahe Bayu, banjur padha ngobrol. Omahe Bayu kang biasane nek malem minggu kuwi akeh bocah padha dolan, ndilalah wektu kuwi ora ana bocah dolan. Sawetara wektu ana ngomahe Bayu, “Dolan nang omahe Indra wae yo, nang kene sepi”, pangajake Bayu marang aku. “Yo ayo”, jawabku. Indra kuwi sedulure Bayu aku yo tau dolan ana ngomahe Indra sing ana dhusun sebelah, saka dhusun omahe Bayu.
Sak uwise tekan omahe Indra nang kono wis akeh bocah-bocah kancane Bayu karo Indra. Sawetara crita-crita, “padha dolan muter-muter yo nang kene bosen”, usule Indra karo ngajak aku.
”Yo ayo, tapi arep dolan ana ngendi?’, jawabe kancane Indra sing jenenge Erik.
“Yo apike ana ngendi sing hawane rada kepenak nak nang kene wae bosen kala-kala nggolek suasana sing liyanelah “, jawabe Indra.
Ora suwi langsung padha mangkat. Ana dalan pdha crita ngalor-ngidul, ngetan-ngulon sing ora ana bongkot pucuke. Olehe dolan muter-muter wis rada suwi. Bocah-bocah mau langsung paha mandheg ana warung pinggir dalan tuku-tuku aqua karo cemilan katimbang meneng wae lumayan cemilan kuwi bisa kanggo kesibukan lan migunani banget. Sak uwise tetuku langsung padha budhal maneh wis arep magkat malah padha ngguyu cekakakan amarga anggone dolan muter-muter ora duwe tujuan sing jelas, rencana dolan mau yo mung dadakan dadi ora duwe tujuan kang cetha.
“Lha iki arep dolan ana ngendi to?” takone Bayu
“lha emboh to, pokoke asal mlaku wae konek wis adoh yo mbalek”, jawabe Indra karo ngguya-ngguyu. Erik karo aku malah padha ngguyu cekakakan wae.
Montor kang nganggo roda papat langsung distater maneh banjur mangkat maneh. Ora krasa olehe dolan wis adoh wektu ya wis bengi kurang luwih jam setengah rolas bengi.
“Ndra, wis jam setengah rolas ki mbalek wae yo, wis wayah bengi ngene wis ora ana panggonan kang rame”, kandhane Erik.
“Apa wis jam setengah rolas po? Kayane isih nembe wae dolan wis bengi, ora krasa yo padhahal nembe wae mangkat”, jawabe Indra karo rada ngguyu.
“Muter ana pertelon ngarep wae Ndra”, kandhane Bayu mumpung kendharaan ora pati rame lan dalane rada jembar kanggo muter.
“Yo wis mbalek waelah, lha iki tekan endi to?” jawabe Indra karo mbalek takon.
Ora krasa yen olehe dolan wis adoh wis ngliwati perbatasan luar kota.
“Lha awake dhewe wis mlebu Yoja”, jawabe Bayu. Kabeh sing ana kono ora ngerti yen wis mlebu Yoja, amarga seneng olehe dolan karo crita ngalor-ngidul ngetan-ngulon karo guyonan.
Sawise tekan pertelon langsung diputer banjur budhal mbalek. Isih separo perjalanan mandheg ana warung kopi pinggir dalan karo ngopi-ngopi, sekaliyan ngaso. Mung dolan wae yo duwe rasa kesel apa maneh yen kerja. Nanging rasa seneng bisa ngilangi rasa kesel anggone dolan. Sekitar setengah jam ana warung banjur budhal maneh langsung bali amarga wektu yo wis bengi. Kurang luwih jam siji bengi aku lan bocah-bocah wis tekan kota maneh.
“Arep langsung bali apa mandheg ana alun-alun kota dhisik”, takone Bayu.
“ Mandheg dhisik yo ora apa-apa”, jawabe Indra.
Wektu kuwi alun-alun isih rame isi ake bocah padha nongkrong karo lek-lekan, ana sing dolanan Hp, ana sing dolanan gitar, ana sing free stile nganggo pit BMX, anan sing mung mlaku-mlaku lan liya-liyane. Ora let suwi bocah-bocah kang ana alun-alun padha bubar.
“Wah awake dhewe teka malah padha bubar, apa padha wedi yen awake dhewe ana kene yo?”, takone Erik karo ngguyu.
“Iyo yo, malah padha bali ki karepe kepriye yo, dikancani malah padha bubar bali, lha saiki jam piro to? Apa wis bengi banget yo, apa malah wis meh subuh?”, kandhane Indra karo takon jam pira .
“ Jam setengah loro”, jawabe Bayu karo njupuk Hp sing ana nang jero sak celanane.
“ Pantes wae wis padha bali wong wis bengi banget padha ngantuk”, jawabku.
Bocah papat mau, Bayu, Indra, Erik, lan Aku isih ana alun-alun durung pingin bali isih pingin jagongan karo crita-crita sinambi mangan ngentekake panganan kang mau dituku. Bocah papat mau durung kesel olehe guyonan karo jagongan dheweke padha guyonan, crita ngalor-ngidul ngetan-ngulon sing ora duwe bongkot pucuke lan ora tinemu nang akal. Olehe ngomong padha ceplas-ceplos ora nganggo mikir suwi sing penting bisa gawe ngguyu lan lucu, uga gawe wong liya seneng.
Sak durunge bali ana mobil sedhan putih mandheg ana sebelahe mobil kang ditumpaki aku sakanca. Sing metu saka mobil sedhan mau sirah kothak alias tentara.Tentara kuwi yo padha jagongan ana sebelahku.ora let suwi sak mburine sedhan mau ana mobil teka maneh, sing metu yo sirah kothak (tentara). Ora ngerti-ngertine ana rame-rame ana sebrang dalan.
“Ana apa yo kok rame-rame, ana sing mlayu-mlayu barang to?” takone Indra.
“Palinge padha gelut”, jawabe Bayu.
“Men waelah ora usah melu-melu mundhak kena kasus”, kandhane Erik.
Sak uwise rame-rame mau ana wong nyedhaki aku karo bocah-bocah. Saka lambene mambu alkohol. Aku wis duwe firasat ora apik maneh, nanging Bayu, Indra, karo Erik malah padha guyonan.
“Panjenengan tiyang pundi mas?”, takone wong sing mabuk mau.
“Kula tiyang ngriki kemawon mas?”, jawabe Indra
“Sakniki panjenengan ngalih saking ngriki kemawon katimbang mangke panjenengan digebuki tentara sak kompi?” kandhane wong sing mabuk kuwi.
“O…nggih mas, nuwun sewu pamit rumiyin”, jawabe Bayu karo nyetater mobile.
“Wong mau jebul tentara sing mabuk, tentara kuwi mau wis digeret-geret kancane nalika ana rame-rame nang sebrang dalan, wektu arep mrene yo uwis digeret-geret kancane aja mrene”, kandhane Erik.
“Ah….tenane Rik, ngertia mau antem sisan men kapok”, takone karo rada ngguyu. Sejatine Indra ora wani karo tentara, nanging sok wani.
“Nek kok antem, kowe malah kena kasus karo tentara, berat ko malah digawakna sak kompi ngroyok kowe malah dadi cilaka”,candhake aku.
Sak durunge tentara kuwi marani, tentara kuwi arep ngantemi bocah sing padha mlaku mau sing ora ana sebabe.
Aku banjur bali.nanging ora langsung bali dhisik, isih muteri alun-alun sepisan maneh karo mesthekake nek mobil kuwi isih ana kono apa ora. Mobil-mobil mau wis padha lunga kabeh wis ora ana sing nongkrong ana alun-alun sing ana mung wong sing padha bakulan nang alun-alun nganti wayah esuk. Ana perjalanan bali bocah mau kuwi padha ngobrol. “Tentara yen pangkate ish endhek isih padha mecicil yo, kaya dheweke paling ampuh”, kandhane Indra.
“Iyo pancen isih kroco padha gembelengan, mendhing yen wis duwe pangkat sersan apa kapten sithik, mecicil ora apa-apa mergane pangkate wis dhuwur wis ketoklah”, candhake aku.
“Paling-paling kanggo nglampiasake dheweke biyen wektu nembe mlebu digebuki karo ndhuwurane, banjur mbales nang wong liya”, kandhane Erik.
“Wah ora bener nek kaya kono kuwi, aparat kuwi kudu bisa ngamanake wilayahe lan negarane, uga ngayomi karo nuntun masyarakat supaya ngerti lan pedhuli pentinge njaga keamanan kanggo awake dhewe, kluargane, wilayahe, lan negarane. Saengga urip kanthi aman, adil, lan makamur. Aja nganti gawe kerusuhan karo masyarakate, yen gawe kerusuhan karo masyarakate ora bener, dadi aparat kuwi sing bener, aja dumeh dadi aparat bisa sak kepenake dhewe, dadi aparat aja keparat yo apa ora”, kandhane Bayu karo rada ngguyu.
“Wah bener banget, yen aparate kaya ngono kapan Indonesia arep maju, Indonesia tambah mundur, malah tambah ancur. Apa kata dunia”, jawabku karo rada guyon.
“Wis akeh tentara sing kaya ngono aja padha gumun”, candhake Erik.
Ora krasa wektu kurang luwih jam setengah loro tekan omahe Indra. Ndilalah isih ana bocah padha melek durung padha turu. Aku karo Bayu durung bali isih jagongan dhisik sedhiluk. Kurang luwih jam setengah telu aku karo Bayu pamitan. Aku banjur ngeterke Bayu mulih.
“Mas mbok tilem wonten ngriki kemawon”, Ngendikane simbahe Bayu. Simbahe Bayu wis suwi kenal karo aku wiwit biyen kanca sekolah SMA. Aku nganggep simbahe Bayu wis kaya simbahe dhewe.
“Matur nuwun mbah sanes wekdal kemawon, matur nuwun, nuwun sewu badhe kepareng rumiyin mbah”, semaurku karo sekaliyan pamitan. Tekan omah kurang luwih jam telu kurang seprapat aku langsung turu amarga sesuk isuk ana gawean sing kudu dilakoni.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar